Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ mênikaͦ anggènipun nyêrat saking kiwaͦ manêngên,
papanipun wontên ing sangandhaping garis. Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ asipat silabik,
têgêsipun sabên satunggal aksaͦraͦ nggambarakên satunggal wandaͦ. Bédaͦ kalihan
aksaͦraͦ Latin ingkang fonemis, têgêsipun sabên satunggal aksaͦraͦ
nggambarakên satunggal inti bunyi. Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ ugi
asipat konsonantal, têgêsipun sabên satunggal aksaͦraͦ ingkang
dipunpasangi utawi dipunpangku nggambarakên satunggal konsonan
utawi aksaͦraͦ ingkang botên madêg piyambak tanpaͦ aksaͦraͦ swaͦraͦ.
A. Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ Saͦhaͦ Pasanganipun
Aksaͦraͦ
Jaͦwaͦ mênikaͦ ingkang baku wontên 20 (kalih daͦsaͦ), inggih mênikaͦ 20 aksaͦraͦ
ingkang asipat silabik saͦhaͦ 20 pasanganipun ingkang ndadosakên
aksaͦraͦ Jaͦwaͦ asipat konsonantal.
B. Aksaͦraͦ Murdaͦ (Aksaͦraͦ Mahaprana/Aksaͦraͦ
Gêdhè)
Inggih mênikaͦ aksaͦraͦ ingkang pancènipun kêdah kaucapakên kanthi abab ingkang
kathah. Kosok-wangsulipun aksaͦraͦ alpaprana, inggih mênikaͦ aksaͦraͦ
ingkang kêdah kaucapakên limrah (kanthi abab sêkêdhik). Aksaͦraͦ Murdaͦ mênikaͦ
salêrêsipun ungêlipun bédaͦ kalihan ingkang limrah, jalaran rumiyinipun aksaͦraͦ
mênikaͦ piridan saking baͦsaͦ Sansêkêrta. Ananging, tumrapipun baͦsaͦ
Jawi dipunanggêp sami kémawon. Ginanipun kémawon ingkang bédaͦ, inggih mênikaͦ
kanggé nyêrat têmbung-têmbung saking baͦsaͦ ngamaͦncaͦ saͦhaͦ kanggé taͦtaͦ-prunggu
utawi pakurmatan.
Aksaͦraͦ Murdaͦ mênikaͦ botên kénging kanggé sêsigêging wandaͦ. Ingkang limrah
kanggé nyêrat: asmaning paͦraͦ luhur, jêjuluk (menunjukkan nama gelar,
nama diri, nama geografi, nama lembaga pemerintah, dan nama lembaga berbadan),
saͦhaͦ padununganipun inggih namung satunggal aksaͦraͦ kémawon sabên
têmbung kaurutakên saking ngajêng. Kajawi manawi nyêrat têmbung Gusti Allah
limrahipun aksaͦraͦ murdaͦ ingkang wontên kasêrat sadaͦyaͦ. Aksaͦraͦ Murdaͦ
cacahipun wontên wolung aksaͦraͦ: Naͦ, Kaͦ, Taͦ, Saͦ, Paͦ, Gaͦ, Jaͦ, Baͦ.
C. Aksaͦraͦ Rékan
(Huruf Tambahan)
Aksaͦraͦ Rékan utawi aksaͦraͦ damêlan mênikaͦ
kanggé mujudakên aksaͦraͦ ngamaͦncaͦ, langkung-langkung aksaͦraͦ Arab. Aksaͦraͦ
Rékan cacahipun wontên gangsal: khaͦ, dzaͦ, faͦ, zaͦ, ghaͦ.
D. Aksaͦraͦ Swaͦraͦ
Sêjatosipun
aksaͦraͦ Swaͦraͦ namung wontên gangsal, inggih mênikaͦ a,
i, é, u, o. Ananging aksaͦraͦ rê
saha lê kalêbêtakên wontên aksaͦraͦ swaͦraͦ (piridan saking aksaͦraͦ Dévanāgārī),
milanipun wontên ingkang mastani bilih aksaͦraͦ swaͦraͦ mênikaͦ wontên
pitu.
- Aksaͦraͦ
Swaͦraͦ mênikaͦ ginanipun kanggé mujudakên aksaͦraͦ ngamaͦncaͦ,
langkung-langkung aksaͦraͦ Arab. Tulaͦdhaͦ: Agustus, Ibrahim, Usman, Inggris.
- Aksaͦraͦ
Swaͦraͦ mênikaͦ botên kénging dados pasangan. Mênawi dumunung ing sawingkinging
wandaͦ sigêg, aksaͦraͦ sêsigêging wandaͦ kêdah kapangku. Tulaͦdhaͦ: wulan April
(nyêrat wulan, naͦ mênikaͦ kêdah dipangku), Malêm Rêbo (nyêrat malêm, maͦ mênikaͦ
kêdah dipangku), Pak Idris (nyêrat Pak, kaͦ mênikaͦ kêdah dipangku).
- Aksaͦraͦ
Swaͦraͦ mênikaͦ botên kénging dipunsukani sandhangan swaͦraͦ.
F. Sandhangan
Sandhangan inggih mênikaͦ
praboting aksaͦraͦ Jaͦwaͦ kanggé mbédakakên ungêling wandaͦ ing baͦsaͦ Jawi.
Sandhangan ing baͦsaͦ Jaͦwaͦ wontên warni tigaͦ:
-
Sandhangan swaͦraͦ
·
Swaͦraͦ i mênikaͦ kasêbut wulu (ulu),
tulaͦdhaͦ: iki pipi
·
Swaͦraͦ ê mênikaͦ kasêbut pêpêt,
tulaͦdhaͦ: sêgaͦ pêraͦ
·
Swaͦraͦ u mênikaͦ kasêbut suku,
tulaͦdhaͦ: dudu kuku
·
Swaͦraͦ é mênikaͦ kasêbut taling,
tulaͦdhaͦ: réné waé
·
Swaͦraͦ o mênikaͦ kasêbut taling tarung,
tulaͦdhaͦ: coroné.
-
Sandhangan panyigêging wandaͦ
·
Swaͦraͦ r mênikaͦ kasêbut layar,
tulaͦdhaͦ: kurmaͦ
·
Swaͦraͦ h mênikaͦ
kasêbut wignyan,
tulaͦdhaͦ: gajah
·
Swaͦraͦ ng mênikaͦ kasêbut cêcak/cêcêk,
tulaͦdhaͦ: gedhang
·
Pangkon (patèn) mênikaͦ
kanggé taͦndhaͦ yèn aksaͦraͦ ingkang dipunpangku ical namung kantun
swantênipun, tulaͦdhaͦ: sampun wiwit (naͦ lan taͦ mênikaͦ dipunpangkon).
-
Sandhangan wyanjaͦnaͦ
· Swaͦraͦ raͦ (kraͦ) mênikaͦ kasêbut caͦkraͦ, tulaͦdhaͦ: kraͦsaͦ
· Swara rê (prê) mênikaͦ kasêbut kêrêt, tulaͦdhaͦ: prêlu
· Swara ya (pya) mênikaͦ kasêbut péngkal, tulaͦdhaͦ: kopyah
E. Aͦngkaͦ
Jawi
Mênggah panyêratipun supados botên cawuh, kêdah
dipunêlêt-êlêti paͦdaͦ pangkat,
nanging manawi wontên paͦdaͦ lingsaͦ
utawi paͦdaͦ lungsi, paͦdaͦ pangkatipun namung ing ngajêng
kémawon.
Ngoko
|
Krama
|
Satuan
Puluhan
Ratusan
Ribuan
Puluhan Ribu
Jutaan
1.000.000 - sayuta
5.000.000 – limang yuta
|
Satuan
Puluhan
Ratusan
Ribuan
Puluhan Ribu
Ratusan Ribu
Jutaan
|
F. Têtêngêr Wontên Ing Panyêratipun (Paͦdaͦ/Tanda
Baca)
·Adêg-adêg (aͦdaͦ-aͦdaͦ), kanggé ing purwaning ukaͦraͦ wiwitan, utawi
kanggé ing purwaning ukaͦraͦ yèn gantos larikan.
·Paͦdaͦ lungsi, kanggé taͦndhaͦ yèn ukaranipun sampun pungkas (titik).
·Paͦdaͦ lisaͦ (lingsaͦ), awéh pêpiling yèn pamacanè mandhêg sêdhélaͦ.
Dados, paͦdaͦ lingsaͦ mênikaͦ kaginakakên kanggé napasing pamaos, kanggé misah
ukaͦraͦ utawi gaͦtraͦ ing têmbung.
·Paͦdaͦ pangkat, kanggé taͦndhaͦ yén têmbung ing mburinè iku
wigati, kaͦyaͦtaͦ: nulis tanggal, sasi, taun.lsp.
Paͦdaͦ pangkat mênikaͦ dipunkaginakakên kanggé:
- Ngêlêt-êlêti aͦngkaͦ Jaͦwaͦ supados botên cawuh
kalihan sêratan sanèsipun
-
Kanggé milah cariyos kalihan katêrangan ingkang
nyêthakakên
-
Kanggé milah cariyos kalihan ukaͦraͦ pacêlathon
-
Kanggé napasan utawi andhêgan ing sêkar agêng.
·Paͦdaͦ guru, kanggé miwiti layang/sêrat utawi bab gêdhè.
·Paͦdaͦ pancak, kanggé panutup/pungkasan ing wasananing cariyos ingkang
sampun têlas utawi ing pungkasaning sêrat (ibêr).
·Paͦdaͦ luhur, mênikaͦ ginanipun kanggé unggah-ungguh ing sêrat kintunan
ingkang katujokakên dhatêng sor-soran (tiyang anèm).
·Paͦdaͦ madyaͦ, kanggé nulis layang, mênawi ingkang dipunkirimi sasami-sami (saumuran).
·Paͦdaͦ andhap, kanggé nulis layang, mênawi ingkang dipunkirimi langkung anèm.
·Purwaͦ paͦdaͦ (paͦdaͦ wiwitan), kanggé miwiti pupuh ing sêkar.
·Madyaͦ paͦdaͦ (paͦdaͦ têngahan), kanggé miwiti pupuh ing têngahing sêkar (têgêsipun
paͦdaͦ têngahan, wontên ing sêkar kaginakakên kanggé têtêngêr gantosipun
jinising sêkar).
·Wasaͦnaͦ paͦdaͦ (paͦdaͦ pungkasan), kanggé mungkasi karangan têmbang lan ikêtan sanèsipun.
· Taͦndhaͦ kurung, mênikaͦ sambutan saking têtêngêr ngamaͦncaͦ (Walaͦndaͦ),
kanggé nêrangakên mênawi ingkang dipunsukani kurung mênikaͦ pilah kalihan ukaͦraͦ-ukaͦraͦ
ing riku. Dados, namung dumunung
katrangan kémawon.








