Jumat, 10 Agustus 2012

Aksara Jawa


Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ mênikaͦ anggènipun nyêrat saking kiwaͦ manêngên, papanipun wontên ing sangandhaping garis. Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ asipat silabik, têgêsipun sabên satunggal aksaͦraͦ nggambarakên satunggal wandaͦ. Bédaͦ kalihan aksaͦraͦ Latin ingkang fonemis, têgêsipun sabên satunggal aksaͦraͦ nggambarakên  satunggal inti bunyi. Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ ugi asipat konsonantal, têgêsipun sabên satunggal aksaͦraͦ ingkang dipunpasangi utawi dipunpangku nggambarakên satunggal konsonan utawi aksaͦraͦ ingkang botên madêg piyambak tanpaͦ aksaͦraͦ swaͦraͦ.

A. Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ Saͦhaͦ Pasanganipun
       Aksaͦraͦ Jaͦwaͦ mênikaͦ ingkang baku wontên 20 (kalih daͦsaͦ), inggih mênikaͦ 20 aksaͦraͦ ingkang asipat silabik saͦhaͦ 20 pasanganipun ingkang ndadosakên aksaͦraͦ Jaͦwaͦ asipat konsonantal.

 













B. Aksaͦraͦ Murdaͦ (Aksaͦraͦ Mahaprana/Aksaͦraͦ Gêdhè)
       Inggih mênikaͦ aksaͦraͦ ingkang pancènipun kêdah kaucapakên kanthi abab ingkang kathah. Kosok-wangsulipun aksaͦraͦ alpaprana, inggih mênikaͦ aksaͦraͦ ingkang kêdah kaucapakên limrah (kanthi abab sêkêdhik). Aksaͦraͦ Murdaͦ mênikaͦ salêrêsipun ungêlipun bédaͦ kalihan ingkang limrah, jalaran rumiyinipun aksaͦraͦ mênikaͦ piridan saking baͦsaͦ Sansêkêrta. Ananging, tumrapipun baͦsaͦ Jawi dipunanggêp sami kémawon. Ginanipun kémawon ingkang bédaͦ, inggih mênikaͦ kanggé nyêrat têmbung-têmbung saking baͦsaͦ ngamaͦncaͦ saͦhaͦ kanggé taͦtaͦ-prunggu utawi pakurmatan.
     Aksaͦraͦ Murdaͦ mênikaͦ botên kénging kanggé sêsigêging wandaͦ. Ingkang limrah kanggé nyêrat: asmaning paͦraͦ luhur, jêjuluk (menunjukkan nama gelar, nama diri, nama geografi, nama lembaga pemerintah, dan nama lembaga berbadan), saͦhaͦ padununganipun inggih namung satunggal aksaͦraͦ kémawon sabên têmbung kaurutakên saking ngajêng. Kajawi manawi nyêrat têmbung Gusti Allah limrahipun aksaͦraͦ murdaͦ ingkang wontên kasêrat sadaͦyaͦ. Aksaͦraͦ Murdaͦ cacahipun wontên wolung aksaͦraͦ: Naͦ, Kaͦ, Taͦ, Saͦ, Paͦ, Gaͦ, Jaͦ, Baͦ. 






















C. Aksaͦraͦ Rékan (Huruf Tambahan)
       Aksaͦraͦ Rékan utawi aksaͦraͦ damêlan mênikaͦ kanggé mujudakên aksaͦraͦ ngamaͦncaͦ, langkung-langkung aksaͦraͦ Arab. Aksaͦraͦ Rékan cacahipun wontên gangsal: khaͦ, dzaͦ, faͦ, zaͦ, ghaͦ.




D. Aksaͦraͦ Swaͦraͦ
         Sêjatosipun aksaͦraͦ Swaͦraͦ namung wontên gangsal, inggih mênikaͦ a, i, é, u, o. Ananging aksaͦraͦ saha kalêbêtakên wontên aksaͦraͦ swaͦraͦ (piridan saking aksaͦraͦ Dévanāgārī), milanipun wontên ingkang mastani bilih aksaͦraͦ swaͦraͦ mênikaͦ wontên pitu. 







- Aksaͦraͦ Swaͦraͦ mênikaͦ ginanipun kanggé mujudakên aksaͦraͦ ngamaͦncaͦ, langkung-langkung aksaͦraͦ Arab. Tulaͦdhaͦ: Agustus, Ibrahim, Usman, Inggris.
- Aksaͦraͦ Swaͦraͦ mênikaͦ botên kénging dados pasangan. Mênawi dumunung ing sawingkinging wandaͦ sigêg, aksaͦraͦ sêsigêging wandaͦ kêdah kapangku. Tulaͦdhaͦ: wulan April (nyêrat wulan, naͦ mênikaͦ kêdah dipangku), Malêm Rêbo (nyêrat malêm, maͦ mênikaͦ kêdah dipangku), Pak Idris (nyêrat Pak, kaͦ mênikaͦ kêdah dipangku).
- Aksaͦraͦ Swaͦraͦ mênikaͦ botên kénging dipunsukani sandhangan swaͦraͦ.



F. Sandhangan
        Sandhangan inggih mênikaͦ praboting aksaͦraͦ Jaͦwaͦ kanggé mbédakakên ungêling wandaͦ ing baͦsaͦ Jawi. Sandhangan ing baͦsaͦ Jaͦwaͦ wontên warni tigaͦ:

-         Sandhangan swaͦraͦ
·        Swaͦraͦ i mênikaͦ kasêbut wulu (ulu), tulaͦdhaͦ: iki pipi
·        Swaͦraͦ ê mênikaͦ kasêbut pêpêt, tulaͦdhaͦ: sêgaͦ pêraͦ
·        Swaͦraͦ u mênikaͦ kasêbut suku, tulaͦdhaͦ: dudu kuku
·        Swaͦraͦ é mênikaͦ kasêbut taling, tulaͦdhaͦ: réné waé
·        Swaͦraͦ o mênikaͦ kasêbut taling tarung, tulaͦdhaͦ: coroné.









 
-         Sandhangan panyigêging wandaͦ
·        Swaͦraͦ r mênikaͦ kasêbut layar, tulaͦdhaͦ: kurmaͦ
·        Swaͦraͦ  h mênikaͦ kasêbut wignyan, tulaͦdhaͦ: gajah
·        Swaͦraͦ ng mênikaͦ kasêbut cêcak/cêcêk, tulaͦdhaͦ: gedhang
·        Pangkon (patèn) mênikaͦ kanggé taͦndhaͦ yèn aksaͦraͦ ingkang dipunpangku ical namung kantun swantênipun, tulaͦdhaͦ: sampun wiwit (naͦ lan taͦ mênikaͦ dipunpangkon).















-         Sandhangan wyanjaͦnaͦ
·     Swaͦraͦ raͦ (kraͦ) mênikaͦ kasêbut caͦkraͦ, tulaͦdhaͦ: kraͦsaͦ
·     Swara rê (prê) mênikaͦ kasêbut kêrêt, tulaͦdhaͦ: prêlu
·     Swara ya (pya) mênikaͦ kasêbut péngkal, tulaͦdhaͦ: kopyah














 E. Aͦngkaͦ Jawi

 

















 Mênggah panyêratipun supados botên cawuh, kêdah dipunêlêt-êlêti paͦdaͦ pangkat, nanging manawi wontên paͦdaͦ lingsaͦ utawi paͦdaͦ lungsi, paͦdaͦ pangkatipun namung ing ngajêng kémawon.



 
Ngoko
Krama
Satuan
  • 1 - siji
  • 2 - loro
  • 3 - têlu
  • 4 - papat
  • 5 - lima
  • 6 - ênêm
  • 7 - pitu
  • 8 - wolu
  • 9 – sanga
Puluhan
  • 10 - sêpuluh
  • 11 - sêwêlas
  • 12 - rolas
  • 13 - têlulas
  • 14 - patbêlas
  • 15 - limalas
  • 16 - nêmbêlas
  • 17 - pitulas
  • 18 - wolulas
  • 19 - sangalas
  • 20 - rong puluh
  • 21 - sêlikur
  • 22 - rolikur
  • 23 - têlulikur
  • 24 - patlikur
  • 25 - sêlawé
  • 26 - nêmlikur
  • 27 - pitulikur
  • 28 - wolulikur
  • 29 - sangalikur
  • 30 - têlung puluh
  • 40 - patang puluh
  • 50 - sékêt
  • 60 - sêwidak
  • 70 - pitung puluh
  • 80 - wolung puluh
  • 90 - sangang puluh
  • 99 - sangang puluh sanga
Ratusan
  • 100 - satus
  • 200 - rongatus
  • 300 - têlungatus
  • 500 - limangatus
Ribuan
  • 1.000 - séwu
  • 5.000 - limangéwu
Puluhan Ribu
  • 10.000 - sêpuluh éwu
  • 12.000 – rolas éwu
  • 25.000 – sêlawé éwu
  • 50.000 - sékêt éwu
  • 99.999 - sangang puluh sanga éwu sangangatus sangangpuluh sanga
Jutaan
1.000.000 - sayuta
5.000.000 – limang yuta



Satuan
  • 0 - Nol
  • 1 - sêtunggal
  • 2 - kalih
  • 3 - tiga
  • 4 - sêkawan
  • 5 - gangsal
  • 6 - ênêm
  • 7 - pitu
  • 8 - wolu
  • 9 – sanga
Puluhan
  • 10 - sêdasa
  • 11 - sêwêlas
  • 12 - kalih wêlas
  • 13 - tiga wêlas
  • 14 - sêkawan wêlas
  • 15 - gangsal wêlas
  • 16 - ênêm bêlas
  • 17 - pitulas
  • 18 - wolulas
  • 19 - sangalas
  • 20 - kalih dasa
  • 21 - sêlikur
  • 22 - kalih likur
  • 23 - tigalikur
  • 24 - sêkawan likur
  • 25 - sêlangkung
  • 26 - ênêmlikur
  • 27 - pitulikur
  • 28 - wolulikur
  • 29 - sangalikur
  • 30 - tigang dasa
  • 31 - tigang dasa sêtunggal
  • 32 - tigang dasa kalih
  • 40 - sêkawan dasa
  • 50 - gangsal dasa
  • 60 - ênêm dasa
  • 70 - pitung dasa
  • 80 - wolung dasa
  • 90 - sangang dasa
  • 98 - sangang dasa wolu
  • 99 - sangang dasa sanga
Ratusan
  • 100 - sêtunggal atus
  • 200 - kalih atus
  • 300 - tigang atus
  • 400 - sêkawan atus
  • 500 - gangsal atus
  • 999 - sangang atus sangang dasa sanga
Ribuan
  • 1.000 - sêtunggal éwu
  • 2.000 - kalih éwu
  • 2.008 - kalih éwu wolu
  • 5.000 - gangsal éwu
  • 7.500 - pitung éwu gangsal atus
  • 9.999 - sangang éwu sangang atus sangang dasa sanga
Puluhan Ribu
  • 10.000 - sêdasa éwu
  • 12.000 - kalih wêlas éwu
  • 25.000 - sêlangkung éwu
  • 50.000 - gangsal dasa éwu
  • 99.999 - sangang dasa sanga éwu sangang atus sangang dasa sanga
Ratusan Ribu
  • 100.000 - sêtunggal atus éwu
  • 500.000 - gangsal atus éwu
  • 875.110 - wolung atus pitung dasa gangsal éwu sêtunggal atus sêdasa
  • 999.999 - sangang atus sangang dasa sanga éwu sangang atus sangang dasa sanga
Jutaan
  • 1.000.000 - sêtunggal yuta
  • 5.000.000 - gangsal yuta
  • 7.859.312 - pitung yuta wolung atus gangsal dasa sanga éwu tigang atus kalih wêlas
  • 9.999.999 - sangang yuta sangang atus sangang dasa sanga éwu sangang atus sangang dasa sanga
















































































































F. Têtêngêr Wontên Ing Panyêratipun (Paͦdaͦ/Tanda Baca)








































·Adêg-adêg (aͦdaͦ-aͦdaͦ), kanggé ing purwaning ukaͦraͦ wiwitan, utawi kanggé ing purwaning ukaͦraͦ yèn gantos larikan.
·Paͦdaͦ lungsi, kanggé taͦndhaͦ yèn ukaranipun sampun pungkas (titik).
·Paͦdaͦ lisaͦ (lingsaͦ), awéh pêpiling yèn pamacanè mandhêg sêdhélaͦ. Dados, paͦdaͦ lingsaͦ mênikaͦ kaginakakên kanggé napasing pamaos, kanggé misah ukaͦraͦ utawi gaͦtraͦ ing têmbung.     
·Paͦdaͦ pangkat, kanggé taͦndhaͦ yén têmbung ing mburinè iku wigati, kaͦyaͦtaͦ: nulis tanggal, sasi, taun.lsp.

 Paͦdaͦ pangkat mênikaͦ dipunkaginakakên kanggé:
-  Ngêlêt-êlêti aͦngkaͦ Jaͦwaͦ supados botên cawuh kalihan sêratan sanèsipun
-         Kanggé milah cariyos kalihan katêrangan ingkang nyêthakakên
-         Kanggé milah cariyos kalihan ukaͦraͦ pacêlathon
-         Kanggé napasan utawi andhêgan ing sêkar agêng.

·Paͦdaͦ guru, kanggé miwiti layang/sêrat utawi bab gêdhè.
·Paͦdaͦ pancak, kanggé panutup/pungkasan ing wasananing cariyos ingkang sampun têlas utawi ing pungkasaning sêrat (ibêr).
·Paͦdaͦ luhur, mênikaͦ ginanipun kanggé unggah-ungguh ing sêrat kintunan ingkang katujokakên dhatêng sor-soran (tiyang anèm).
·Paͦdaͦ madyaͦ, kanggé nulis layang, mênawi ingkang  dipunkirimi sasami-sami (saumuran).
·Paͦdaͦ andhap, kanggé nulis layang, mênawi ingkang dipunkirimi langkung anèm.
·Purwaͦ paͦdaͦ (paͦdaͦ wiwitan), kanggé miwiti pupuh ing sêkar.
·Madyaͦ paͦdaͦ (paͦdaͦ têngahan), kanggé miwiti pupuh ing têngahing sêkar (têgêsipun paͦdaͦ têngahan, wontên ing sêkar kaginakakên kanggé têtêngêr gantosipun jinising sêkar).
·Wasaͦnaͦ paͦdaͦ (paͦdaͦ pungkasan), kanggé mungkasi karangan têmbang lan ikêtan sanèsipun.
· Taͦndhaͦ kurung, mênikaͦ sambutan saking têtêngêr ngamaͦncaͦ (Walaͦndaͦ), kanggé nêrangakên mênawi ingkang dipunsukani kurung mênikaͦ pilah kalihan ukaͦraͦ-ukaͦraͦ ing  riku. Dados, namung dumunung katrangan kémawon.