Sabtu, 28 Juli 2012

Basaku Budayaku..


A.    WERNA-WERNANING BASA
Ø  Manut wujude ana warna 3 yaiku:
a.       Basa lesan
b.      Basa tulisan
c.       Basa tandha (isyarat)
Ø  Manut undha usuk utawa unggah-ungguhe:
a.       Basa ngoko
-          Ngoko lugu
-          Ngoko andhap
b.      Basa madya
-          Madya ngoko
-          Madyantara
-          Madya karma
c.       Basa karma
-          Mudha karma
-          Kramantara
-          Wedha karma
d.      Basa karma inggil
e.       Basa kedhaton
f.       Basa krama desa
g.      Basa kasar
Ø  Manut panganggone wektu saiki utawa jaman samangke
a.      Basa Ngoko
1.      Ngoko lugu, yaiku: basa kang tembung-tembunge kabeh ngoko.
Tuladha:    - kardi mangan sega
- ibu lunga menyang pasar.
2.      Ngoko alus, yaiku: basa kang tembung-tembunge ngoko lugu kacampur tembung-tembung krama inggil tumprap wong kang diajeni (kanggo pakurmatan).
Tuladha:    - bapak saiki kagungan buku basa jawa anyar
- ibu tindak menyang pasar.
Ciri-ciri/titikane basa ngoko alus:
·         Ater-ater lan panambang tetep ngoko
·         Tembung kowe diganti panjenengan
·         Gegayutane karo wong liya sing diajeni, tindak-tanduk, tingkah laku (tembung kriya), nggunakake tembung-tembung karma inggil.
b.      Basa Krama
1.      Krama Lugu
-          Wujude: tembunge krama (ater-ater lan panambang dikramakake)
-          Tanpa nggunakake krama inggil (tumrap wong kang diajak guneman) lan sing nggunakake yaiku kanca marang kanca kang during kulina utawa wong tuwa kro wong nom kang ngajeni sing nom.
Tuladha:    - sampeyan badhe kesah?
                  - budi kalawau sampun nedha ulam dereng?
2.      Krama Alus
-          Wujude: ater-ater lan panambang dikramakake lan tembung kang digunakake yaiku tembung-tembung krama lan krama inggil.
-          Nggunakakake krama inggil tumprap wong kang diajak guneman kang dikurmati utawa kang luwih tuwa.
Tuladha:    - sinten ingkang mundhut buku basa Jawi saking aspirasi?
                  - panjenengan kalawau saking tindak pundi?

                 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar